Monday, May 13, 2013

Istilah 'Backstreet'

Aku ngerti istilah iki wis rada suwe, sekitaran taun 2004 kepungkur utawa jaman SMP. Istilah iki kanggo kawula muda bayi biyen dianggep podo karo pacaran karo delikan, mbuh iku karo wong tuwane opo karo pacare, weh lha dala. Yo ngono kuwi gambarane, nek menurut pangertenku, iku semacam hubungan lewat dalan mburi, weh, opo iku dalan mburi? kok kayane tambah ambigu. Yo pokoke ngono kuwi lah, intine hubungan iku ora dingerteni uwong liya.

Kok iso nulis kaya ngene? Iku mergo lagi wae aku maca tweet saka salah sijining kanca, deweke ngomong
Sih usum to backstreet ki? haha
Sak liyane kuwi, istilah backstreet dewe ngelingake aku marang sliramu jaman biyen, jaman-jamanku isih dadi krucil sing senengane menclok rono menclok rene amung kanggo senenge ati. Astagfirullah.. jaman semono emang aku durung njowo. Yo iku, ndek jaman jahilliyah. Kampret ... !!!


Sak iki sing dadi pitakon gedhe ning sirahku, Opo bayi-bayi saiki uwis podo ngerti istilah ngene iki? Opo bayi-bayi saiki uwis podo nglakoni babagan ngene iki? Opo malah wis lali mergo kalah karo dolanan liyane sing luwih dikenal nduwe jeneng 'game online'? Ajuuuuurrrrrrr ...... !!!!!!

1 comment:

  1. wekeke :D
    bayi2 saiki eruh e mek ngentot pentile emake jeh :v

    ReplyDelete